
Tatacara Miyosipun Pusakadalem 1 Suro Dal 1951
Dinten Rabu Pon malam Kamis Wage
Utawi suryo kaping 20 malem 21 September 2017
ANGKA |
WANCI TABUH |
KATRANGAN |
1. |
19.00 WIB |
Miyosdalem SIJ Mangkunagoro IX sekalian Garwadalem kadherekaken para sederek-sederek dalem lajeng lenggah ing Paringgitan sisih kilen.
Ingkang kepareng mapag: 1. KPH Drs. Cuk Susilo MPA. 2. KRMH Tommy D. Setiomo |
2. |
19.10 WIB |
Saking panitia, KRMT Lilik P. Tirtodiningrat munjuk ing Ngarsodalem nyuwun palilah dalem bilih Kirabing Pusaka dalem badhe kawiwitan |
3. |
19.15 WIB |
Miyosipun Pusaka Dalem
Ingkang kepareng mapag Pusaka dalem: 1. KRMT Hudhoko Aristo, S.Sos. MBA. 2. RMT Agus Surendra
Pusaka dalem badhe kamiyosaken saking kamar Kyai katindakaken dening MNg. Riyadi Dwi Putranto
Ingkang kepareng ngampil: Panongsong Pusaka dalem MNg. Suparman |
4. |
19.30 WIB |
Palapuran cucuking lampah GPH Bhre Cakrahutomo Wira Sudjiwo
Badhe bidhalipun Pusaka dalem wonten ing undhak-undhakan Bangsal Tosan. |
5. |
19.35 WIB |
Pangandikadalem SIJ Mangkunagoro IX dumateng cucuking lampah Pusaka dalem supados kakirabaken hanyarengi tangal warsa 1 Suro Je. |
6. |
20.40 WIB |
Sakdumuginipun Bangsal Tosan lajeng kakondoraken dumuginipun Pendhapi sisih kidul dipun papag Ngarsodalem SIJ Mangkunagoro kaping IX ssaperlu nampi pasrahan saking cucuking lampah bilih kirabing Pusaka dalem sampun kalampahan. |
7. |
20.50 | Dawuhdalem bilih Pusaka dalem supados kakonduraken lumebet dateng kamar Kyai Katindakaken dening MNg. Riyadi Dwi Putranto |
Cathetan:
- Ageman:
Kakung : Cara jawi jangkep dasar cemeng (hitam) Dhuwungan
Putri : Cara jawi nyampingan Ukel tradisi Jawa cunduk penyu
- Ingkang kagungan Samir kasuwun mugi kaasta
- Sak dangunipun kirab dipun prayogekaken mboten ngagem Cenela (selop).
- Sak lebetipun prosesi kirab mboten dipun parengaken ginakaken ponsel (hp).
Leave a Reply