
Tatacara Wilujengandalem Saha Pahargyan Tingalan Wiyosan Jumenengandalem
SIJ Mangkunagoro IX Jangkep 30 Warsa
Ing Dinten Jumat Pahing Tanggal 9 Sura Dal 1951
utawi Suryo kaping 29 September 2017
ANGKA |
WANCI TABUH |
KATRANGAN |
1. |
09.00 |
Pambuka saking Pambiwara |
2. |
09.10 |
Miyosdalem SIJ Mangkunagoro IX saha Garwadalem kadherekaken putra-putridalem saha sedherekdalem tumuju ing Dalem Ageng.
Ingkang kepareng mapag miyosdalem: 1. KPH Drs. H. Cuk Susilo, MPA. 2. KRMT Hudoko Artisto, S.Sos.MBA |
3. |
09.15 |
Pangarso Panitia, KRMT Lilik P. Tirtodiningrat munjuk ngarsadalem bilih lampahing wilujengandalem pengetan jumenengandalem jangkep 30 warsa kawiwitan. |
4. |
09.20 |
Ujub wilujengandalem |
5. |
09.25 |
Tumapaking wilujengandalem |
6. |
09.40 |
Adicara Sungkeman |
7. |
09.55 |
Jengkardalem SIJ Mangkunagoro IX saha Garwadalem, kadherekaken putra-putradalem saha sedherekdalem tumuju ing Pendhapi Ageng. |
8. |
10.05 |
Beksan Bedhaya Anglir Mendung |
9. |
10.50 |
Pasugatan 1 |
10. |
11.05 |
Atur kasugengandalem hanyarengi Pengetan Jumenengandalem jangkep 30 warsa. Saking wakiling para sentanadalem, narapraja, abdidalem tuwin sadaya kerabat Mangkunegaran. |
11. |
11.15 |
Tumapaking adicara Wisudan |
12. |
11.35 |
Pasugatan 2 |
13. |
11.50 |
Jengkardalem SIJ Mangkunagoro IX kalajengaken nampi atur kasugengandalem saking para rawuh. |
14. |
12.00 |
Panutup
Lampahing adicara wilujengandalem Pengetan Jumenengandalem jangkep 30 warsa sampun paripurna. |
Leave a Reply